Dene ta pitutur ingsun / marang putraningsun estri / den eling ing
aranira / sira pan ingaran putri / puniku putri kang nyata / tri tetelu
tegesneki //.
Bekti nastiti ing kakung / kaping telune awedi / lahir batin aja
esah / anglakoni satuhuning / laki ciptanen bendara / mapan wong wadon
puniki //
Wajib manut marang kakung / aja uga amapaki / marang karepe wong
lanang / sanadyan atmajeng aji / alakiya panakawan / sayekti wajib
ngabekti //
Kalamun wong wadon iku / angrasa mengku mring laki / ing batine
amarentah / rumangsa menang mring laki / nora rumangsa wanodya / puniku
wataking laki //
Iku wong wadon kepahung / bingung bintang kena wening / tan wurung
dadi ranjapan / ing dunya tuwin ing akhir / dadi intiping naraka /
kalabang lan kalajengking //
Ingkang dadi kasuripan / sajroning naraka benjing / iku wong wadon candhala / iku tan bisa merangi / ing nepsu kala hawa / amarah kang den tutwuri //
Iku poma putraningsun / anggonen pitutur iki / den wedi ing kakung nira / aja dumeh suteng aji / yen sira nora bektiya / ing laki tan wande ugi //
Anggagawa rama ibu / kurang pamuruking siwi / iku terkaning ngakathah / apan esaningsun iki / marang Allohu Tangala / miwah ing Rosullullahi //
Sakabehe anak ingsun / pawestri kang kanggo laki / kinasihan ing kang priya / pan padha bektiya laki / padha lakinya sapisan / dipun kongsi nini-nini //
Maksih angladeni kakung / sartaa dipun welasi / angoyoda arondhowa /
warege amomong siwi / lan nini pitutur ingwang / estokna ing lahir
batin //
Lawan ana kojah ingsun / saking eyangira swargi / pawestri iku
elinga / lamun ginawan dariji / lilima punika ana / arane sawiji-wiji //
Jajempol ingkang rumuhun / panuduh ingkang ping kalih / panunggul
kang kaping tiga / kaping pat dariji manis / kaping gangsale punika /
ing wekasan pan jajenthik //
Kawruha sakarsanipun / mungguh pasmoning Hyang Widhi / den kaya pol
manahira / yen ana karsane laki / tegese pol kang den gampang / sabarang
karsaning laki //
Mila ginawan panuduh / aja sira kumawani / anikel tuduhing priya /
ing satuduh anglakoni / dene panunggul suweda / iku sasmitaning ugi //
Priyanta karyanen tangsul / miwah lamun apaparing / sira uga
unggulena / sanadyan amung sathithik / wajib sira ngungkulena / mring
guna kayaning laki //
Marmane sira punika /ginawan dariji manis / dipun manis ulatira / yen ana karsaning laki / apa dene yen angucap / ing wacana kudu manis //
Aja dosa ambasengut /nora maregaken ati / ing netra sumringah /
sanadyan rengu ing batin / yen ana karsaningpriya / buwangen aja na kari
//
Marmane ginawan iku / iya dariji jajenthik / dipun angthag akethikan
/ yen ana karsaning laki / karepe kathah thik-thikan / den tarampil
barang kardi //
Lamun angladasi kakung / den keba nanging den ririh / aja kebat
gerobyagan / dreg-dregan sarya cicincing / apan iku kebat nistha / pan
rada ngose ing batin //
Poma-poma wekasingsun / marang putraningsun estri / muga padha den
anggowa / wuruke si bapa iki / yen den lakoni sadaya / iba saiba ta nini
//
Si bapa ingkang ananggung / yen den anggowa kang weling / wus pasthi
amanggih mulya / ing donya tuwin ing akhir / lan aja manah anyimpang /
dipun tumemen ing laki //
Den maruwa patang puluh / tyasira aja gumingsir / lahir batin aja
owah / angladeni marang laki / malah sira upayakna / wong wadon kang
becik-becik //
Parawan kang ayu-ayu / sira caosna ing laki / mangkono patrape uga /
ngawruhi karsaning laki / pasthi dadi ing katresnan / yen wong lanang
den tututi //
Yen wong wadon nora angsung / bojone duweya selir / mimah lumuh den wayuh / iku wong wadon penyakit / nora weruh tata karma / daliling Qur’an mastani //
Kaya kang mangkono iku / balik kang dipun nastiti / marang wuruke si
bapa / darapon manggih basuki / kayata yen maca layang / tingkahing
wanodya adi //
Pagene ta nedya tiru / kalawan ewa pawestri / kang kinasihan ing
priya / apa pawestri parunji / miwah ta estri candhala / apa nora
kedhah-kedhih //
Ingkang kinasihan kakung / kabeh pawestri kang bekti / kang nastiti
marang priya / dene estri kang parunji / candhala pan nora nana / den
kasihi marang laki //
Malah ta kerep ginebug / dadine wong wadon iki / tanpa gawe maca
layang / tan gelem niru kang becik / mulane ta putraningwang / poma-poma
dipun eling //
Marang ing pitutur ingsun / muga ta Hyang Maha Suci / netepana
elingira / marang panggawe kang becik / didohna panggawe ala / siyasiya
kang tan becik //
Titi tamat layang wuruk / marang putraningsun estri / Kemis Pon ping
pitu sura / Kuningan Be kang gumanti / esa guna swareng nata / Sancaya
hastha pan maksih /
PUPUH
KINANTHI
Bahwa ajaranku (nasihatku), kepada anak perempuanku, agar ingat akan
namamu, engkau disebut putri, itu putri yang sejati, tiga, ketiganya
ini maksudnya.
Bebakti dan cermat kepada suami, yang ketiga takut, lahir batin
jangan mengeluh, melaksanakan yang satu, jadikanlah suamimu orang
terhormat, bukankah perempuan itu.
Wajib menurut kepada suami, jangan menghalang-halangi, akan
kehendaksuami, walaupun putra raja, mengabdilah kepada suami, harus
benar-benar berbakti.
Apabila wanita itu, merasa menguasai laki-laki, dalam batinnya
memerintah, merasa menang dengan suami, tidak merasa sebagai wanita, itu
wataknya laki-laki.
Wanita jahat, bingung hatinya, tidak urung menjadi orang tercela, di
dunia hingga akhirat, menjadi dasar neraka, kelabang dan kalajengking.
Yang menjadi alasnya, di neraka kelak, itu wanita tercela, yang tidak dapat mengendalikan, hawa nafsu, amarah yang diikuti.
Inilah anakku, pakailah ajaran ini, takutlah kepada suami, jangan
merasa takabur (sombong) sebagai putri raja, jika engkau tidak berbakti,
kepada suami tidak urung juga
Membawa bapak ibu, kurang memberikan petuah pada anak, itu prasangka
orang banyak, permintaanku ini, kepada Allah Taala, dan kepada
Rasulullah.
Semua putraku, yang putri terpakailah oleh suami, semoga dikasihi
oleh suami, dan berbaktilah kepada suami, bersuamilah sekali saja,
mudah-mudahan sampai neneknenek.
Tataplah melayani suami, serta dikasihi, dapatlah memberikan
keteduhan, semoga puas mengasuh anak, dan nasihatku kepadamu, hendaknya
ditaati lahir dan batin.
Dan ada pesan, dari mendiang kakekmu, ingatlah bahwa perempuan itu,
dibekali jari, kelimanya itu ada, apabila dirinci mempunyai arti.
Ibu jari yang pertama, telunjuk yang kedua, jari tengah yang ketiga,
keempat jari manis, yang kelima itu, yang terakhir adalah kelingking.
Ketahuilah maksudnya, isyarat Hyang Widhi, ibaratnya sepenuh hati,
jika ada kehendak suami, arti yang mudah sepenuh hati, segala kehendak
suami.
Maka engkau dibekali telunjuk, janganlah engkau berani, apabila
suamimenunjukkan, cepatlah melaksanakan, dengan jari tengahmu, itu juga
isyarat.
Suamimu jadikanlah pengikat, dan apabila memberikan sesuatu,
kepadamu junjunglah, walaupun hanya sedikit, engkau wajib menjunjung,
akan penghasilan suami.
Maksudnya engkau, dibekali jari manis, buatlah “manis” roman mukamu,
jika berada di depan suami, apabila jika bicara, pergunakanlah
kata-kata yang manis.
Janganlah pemarah dan bermuka masam, itu tidak menarik hati, roman
muka dibuat gembira, walaupun sedang kesal hatinya, jika berada di depan
suami, buanglah jangan sampai ketinggalan.
Oleh karena itu dibekali, juga jari kelingking, ditimbang-timbang,
jika ada kemauan suami, maksud ditimbang-timbang adalah, agar terampil
dalam bekerja.
Jika melayani suami, yang cepat namun halus, jangan cepat namun
kasar, tergesagesa dan tidak tenang, bukankah itu cepat namun tercela,
sebab dalam hati agar marah.
Demikianlah pesanku, kepada putra perempuanku, semoga dilaksanakan,
ajaran bapak ini, jika engkau laksanakan semua, begitulah anakku.
Bapak yang menanggung, jika engkau laksanakan pesanku, sudah tentu
menemukan kebahagiaan, di dunia dan di akhirat, dan hati jangan
menyimpang, bersungguhsungguh terhadap suami.
Walaupun dimadu berjumlah empat puluh, hatimu jangan berubah, lahir
dan batin jangan berubah, melayani suami, usahakanlah, wanita yang
baik-baik.
Gadis yang cantik-cantik, serahkanlah kepada suami, demikian itu
sifat, mengerti kehendak laki-laki, pasti memupuk cinta kasih, jika
suami dibuat puas hatinya.
Jika wanita tidak merelakan, suaminya mempunyai selir, dan tidak
suka dimadu, itu wanita tercela, tidak tahu tata krama, menurut dalil
Qur’an.
Sama dengan anjing buntung, diumpamakan celeng terbakar, tidak
pantas didatangi, tidak urung membuat, supaya dijauhkan tujuh ukuran,
janganlah terus dipikir.
Hal seperti itu, agar diteliti kembali, ajaran san bapak,
dimaksudkan untuk mendapatkan selamat, ibaratnya membaca surat, tingkah
laku wanita luhur.
Mengapa tidak ditiru, oleh para istri, yang dikasihi oleh suami, apakah wanita jahat, dan wanita tercela, apa tidak segan-segan.
Yang dikasihi oleh suami, suami wanita yang berbakti, yang teliti
terhadap suami, namun wanita yang jahat, tercela, tidak ada yang
dikasihi suami.
Bahkan sering dipukul, wanita yang begini, tidak ada gunanya membaca
surat, tidak mau meniru yang baik, oleh sebab itu anakku,
ingat-ingatlah.
Ajaranku (nasihatku) ini, semoga Hyang Maha Suci, tetap memberikan
kesadaran, terhadap perbuatan yang baik, dijauhkan dari perbuatan jahat,
aniaya yang tidak baik.
Tamatlah surat ajaran (nasihat), kepada putra putrinya, Kamis Pon
tanggal 7 Sura, Kuningan tahun Be, dengan Candrasangkala “esa guna
swareng nata”, Windu sancaya yang ke delapan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar