Minggu, 01 Mei 2016

WEJANGAN RAHASIA HIDAYAT JATI






(WEJANGAN RAHASIA HIDAYAH SEJATI)


Catatan ini saya buat untuk teman-teman yang membutuhkannya. Sekedar berbagi wejangan asli semata, mengenai penjabarannya, silakan teman-teman mencari Guru Spiritual yang mumpuni.

Ing ngisor iki nêrangake nalika jaman awale nagara ing Dêmak. Para Wali kang karsa mêdharake wêwêjanganing ngelmu makripat, kehe mung Wolu, pratelane kaya ing ngisor ini;
(Dibawah ini menjelaskan saat jaman awal Negara Demak. Para Wali yang berkenan mewedarkan wejangan ilmu Makrifat, hanya ada Delapan orang, mereka adalah sebagai berikut : )

1. Susuhunan ing Giri Kadhaton, mungguh kang diwêjangake, iya iku WISIKAN ANANING DZAT
(Susuhunan ing Giri Kadhaton/Sunan Giri Kedhaton atau Sunan Giri Pertama, mewedarkan wejangan BISIKAN RAHASIA ADANYA DZAT.)
2. Susuhunan ing Tandhês, mungguh kang diwêjangake, iya iku WĒDHARAN WAHANANING DZAT
(Susuhunan ing Tandhes/Sunan Tandhes, mewedarkan wejangan PENJABARAN PERWUJUDAN DZAT)
3. Susuhunan ing Majagung, mungguh kang diwêjangake, iya iku GĒLARAN KAHANANING DZAT
(Susuhunan ing Majagung/Sunan Majagung atau sekarang dikenal dengan Sunan Bejagung, mewedarkan wejangan PENGGELARAN KEBERADAAN DZAT)
4. Susuhunan ing Benang, mungguh kang diwêjangake, iya iku PAMBUKANING TAHTA MALIGE ING DALĒM BETALMAKMUR
(Susuhunan ing Benang/Sunan Benang sekarang dikenal dengan nama Sunan Bonang, mewedarkan wejangan AWAL MULA PENCIPTAAN TAHTA MAHLIGAI DIDALAM BAITUL MAKMUR ~ BAIT : RUMAH, MAKMUR : YANG RAMAI)
5. Susuhunan ing Muryapada, mungguh kang diwêjangake, iya iku PAMBUKANING TAHTA MALIGE ING DALĒM BETALMUKARAM
(Susuhunan ing Muryapada/Sunan Muryapada sekarang terkenal dengan nama Sunan Muria, mewedarkan wejangan AWAL MULA PENCIPTAAN TAHTA MAHLIGAI DIDALAM BAITUL MUHARRAM ~ BAIT : RUMAH, MUHARRAM : LARANGAN)
6. Susuhunan ing Kalinyamat, mungguh kang diwêjangake, iya iku PAMBUKANING TAHTA MALIGE ING DALEM BETALMUKADAS
(Susuhunan ing Kalinyamat/Sunan Kalinyamat mewedarkan wejangan AWAL MULA PENCIPTAAN TAHTA MAHLIGAI DIDALAM BAITUL MUKHADDAS ~ BAIT : RUMAH, MUKHADDAS : YANG BERSIH)
7. Susuhunan ing Gunungjati, mungguh kang diwêjangake, iya iku PANĒTĒP SANTOSANING IMAN
(Susuhunan ing Gunungjati/Sunan Gunungjati mewedarkan wejangan TETAPNYA DAN ABADINYA KEYAKINAN)
8. Susuhunan ing Kajênar, mungguh kang diwêjangake, iya iku SASAHIDAN
(Susuhunan ing Kajenar/Sunan Kajenar atau sekarang lebih dikenal dengan Syeh Siti Jenar mewedarkan wejangan KESAKSIAN SEJATI)


Dene saangkatan maneh, iya iku kang kapindho, nalika akhire nagara Dêmak, tumeka awale ing nagara Pajang, iya ana para Wali kang padha karsa mêdharake surasane ngelmu makripat, anane iya among Wolu, mungguh katrangane kaya ing ngisor iki :
(Sedangkan seangkatan lagi, yaitu untuk kedua kalinya, diwejangkan pada akhir negara Demak, menjelang awal berdirinya negara Pajang. Ada Delapan Wali yang berkenan mewejangkan intisari ilmu makripat, mereka-mereka adalah sebagai berikut :)

1. Susuhunan ing Giri Parapen, mungguh kang diwêjangake, iya iku WISIKAN ANANING DZAT
(Susuhunan ing Giri Parapen/Sunan Prapen atau Sunan Giri Keempat, mewedarkan wejangan BISIKAN RAHASIA ADANYA DZAT.)
2. Susuhunan ing Darajat, mungguh kang diwêjangake, iya iku WĒDHARAN WAHANANING DZAT
(Susuhunan ing Darajat/Sunan Darajat, sekarang lebih dikenal dengan Sunan Drajat, mewedarkan wejangan PENJABARAN PERWUJUDAN DZAT)
3. Susuhunan ing Atasangin, mungguh kang diwêjangake, iya iku GĒLARAN KAHANANING DZAT
(Susuhunan ing Atasangin/Sunan Atasangin, wali dari Jawa Barat, mewedarkan wejangan PENGGELARAN KEBERADAAN DZAT)
4. Susuhunan ing Kalijaga, mungguh kang diwêjangake, iya iku PAMBUKANING TAHTA MALIGE ING DALĒM BETALMAKMUR
(Susuhunan ing Kalijaga/Sunan Kalijaga, mewedarkan wejangan AWAL MULA PENCIPTAAN TAHTA MAHLIGAI DIDALAM BAITUL MAKMUR ~ BAIT : RUMAH, MAKMUR : YANG RAMAI)
5. Susuhunan ing Têmbayat, dhek samana wis rinilan dening guru Susuhunan ing Kalijaga, amiridake ing wêwêjangan PAMBUKANING TAHTA MAHLIGAI ING DALĒM BAITAL MUHARRAM
(Susuhunan ing Tembayat/Sunan Tembayat, setelah mendapat ijin dari gurunya Sunan Kalijaga, mewedarkan wejangan AWAL MULA PENCIPTAAN TAHTA MAHLIGAI DIDALAM BAITUL MUHARRAM ~ BAIT : RUMAH, MUHARRAM : LARANGAN)
6. Susuhunan ing Padusan, mungguh kang diwêjangake, iya iku PAMBUKANING TAHTA MALIGE ING DALEM BETALMUKADAS
(Susuhunan ing Padusan/Sunan Padusan, wali berasal dari Madura, mewedarkan wejangan AWAL MULA PENCIPTAAN TAHTA MAHLIGAI DIDALAM BAITUL MUKHADDAS ~ BAIT : RUMAH, MUKHADDAS : YANG BERSIH)
7. Susuhunan ing Kudus, mungguh kang diwêjangake, iya iku PANĒTĒP SANTOSANING IMAN
(Susuhunan ing Kudus/Sunan Kudus mewedarkan wejangan TETAPNYA DAN ABADINYA KEYAKINAN)
8. Susuhunan ing Gêsêng, mungguh kang diwêjangake, iya iku SASAHIDAN
(Susuhunan ing Geseng/Sunan Geseng mewedarkan wejangan KESAKSIAN SEJATI)

Dene wêwêjangan kang wis kasêbut ing dhuwur kabeh mau, saka surasane iya nunggal misah bae. Amarga padha wêwiridan saka wêwêjangane Kangjêng Susuhunan ing Ngampeldhênta. Sanadyan pangkat-pangkat panggonane, ananging isih tunggal sagolongan, têgêse mung minongka gêlaran babaran bae, supaya bisa tumangkar pakartine dhewe-dhewe, awit rêrimbagane kawruh kasampurnan iku, Manawa dhasar bisa nangkarake, pratandha wasis ing Budi.

(Semua wejangan yang sudah disebut diatas, sesungguhnya intinya sama. Sebab semua bersumber dari wejangan rahasia dari Kangjeng Susuhunan ing Ngampeldhenta/Sunan Ampel. Walaupun dijabarkan dalam berbagai tingkatan, sesungguhnya semua merupakan satu kesatuan utuh. Jelasnya sengaja dipisah-pisah hanya untuk sekedar mempermudah pemahaman saja. Agar yang mempelajari bisa mencari sendiri inti sari wejangan yang sudah dipecah-pecahkan ini. Sebab pengasah tajamnya Kesadaran saat mempelajari ilmu kesempurnaan, manakala bisa mencari inti sari wejangan, berarti sudah terasah tajam Kesadaran yang mempelajari.)



Sajatine ora ana apa-apa awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhingin Ingsun, Ora ana Pangeran kajaba Ingsun. Sajatine Dat Kang Maha Suci anglimputi ing sipatIngsun, anartani ing asmanIngsun, amratandhani ing apngalIngsun.
(Sesungguhnya tidak ada apa-apa, sebab manakala masih kosong belumlah ada sesuatupun juga, yang ada dahulu itu AKU, Tidak ada Tuhan selain AKU. Sesungguhnya Dzat Yang Maha Suci meliputi sifat-sifat-Ku, menyertai nama-nama-Ku dan menandai af’al-af’al-Ku)


Sajatine Ingsun Dat Kang Amurba Amisesa kang kawasa anitahake sawiji-wiji, dadi padha sanalika, sampurna saka kodrat Ingsun, ing kono wus kanyatan pratandhaning apngalIngsun kang minangka bêbukaning iradatIngsun. Kang dhingin Ingsun anitahake Kayu aran Sajaratulyakin tumuwuh ing sajroning alam Ngadammakdum Ajali Abadi. Nuli Cahya aran Nur Muhammad, nuli Kaca aran Mirhatulkayai, nuli Nyawa aran Roh Ilapi, nuli Damar aran Kandil, nuli Sêsotya aran Darah, nuli Dhindhing Jalal aran Kijab. Iku kang minangka warananing KalaratIngsun.

(Sesungguhnya AKU adalah Dzat Yang Berkuasa dan Berwenang, yang mampu menciptakan segala sesuatu, tercipta dengan seketika, sempurna melalui Kodrat-Ku. Dalam segala penciptaan-Ku telah nyata tanda-tanda dari af’al-Ku yang merupakan pintu Iradat-Ku. Mula pertama AKU menciptakan Kayu (Hayyu) bernama Sajaratulyakin/Syajaratulyaqin (Syajarah : Pohon, Yaqin : Keyakinan) tumbuh didalam alam Ngadammakdum Ajali Abadi/Adam Ma’dum Azzali Abadi. Lantas Cahaya bernama Nur Muhammad (Nur : Cahaya, Muhammad : Terpuji), lantas Cermin bernama Miratulkayai/Mir’atul Haya’ (Mir’ah : Cermin, Haya’ : Malu), lantas Nyawa/Suksma bernama Roh Ilapi/Ruh Idhafi (Ruh yang menguatkan), lantas Pelita bernama Kandil, lantas Cahaya beraneka warna bernama Darah, lantas Dhindhing Jalal (Dhindhing : Tembok, Jalal : Agung) bernama Kijab/Hijab. Semua itu adalah penghalang bagi Kalarat-Ku.)



Sajatine manungsa iku rahsanIngsun lan Ingsun iku rahsaning manungsa, karana Ingsun anitahake Adam asal saka anasir patang prakara, Bumi, Gêni, Angin, Banyu. Iku kang dadi kawujudaning sipat Ingsun, ing kono Ingsun panjingi Mudah limang prakara, Nur, Rahsa, Roh, Napsu, Budi. Iya iku minangka warananing Wajah Ingsun Kang Maha Suci.

(Sesungguhnya manusia itu adalah Rahsa (Rasa Sejati/Inti Rasa)-Ku dan AKU ini adalah Rahsa manusia, sebab AKU menciptakan Adam berasal dari unsur empat macam, Bumi, Api, Angin dan Air. Itulah yang menjadi perwujudan sifat-Ku. Disana AKU liputi Mudah lima macam, Nur, Rahsa (Rasa Sejati), Roh, Nafs dan Budi (Kesadaran). Semua itu adalah penghalang Wajah-Ku Yang Maha Suci)



Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Betalmakmur, iku omah ênggoning parameyanIngsun. Jumênêng ana sirahing Adam. Kang ana sajroning Sirah iku Dimak, yaiku Utêk, kang ana antaraning Utêk iku manik, sajroning Manik iku Budi, sajroning Budi iku Napsu, sajroning Napsu iku Suksma, sajroning Suksma iku Rahsa, sajroning Rahsa iku Ingsun. Ora ana Pangeran anging Ingsn, Dat Kang Anglimputi ing kaanan jati.

(Sesungguhnya AKU menata mahligai didalam Betalmakmur/Bait Al-Ma’mur, disanalah rumah keramaian-Ku. Berada didalam Kepala Adam. Yang ada didalam Kepala adalah Dimak/Dimaq, yaitu Otak, yang ada diantara Otak adalah Manik, didalam Manik adalah Budi, didalam Budi adalah Nafs, didalam Nafs adalah Suksma, didalam Suksma adalah Rahsa, didalam Rahsa adalah AKU, tiada Tuhan kecuali AKU, Dzat Yang Menyelimuti kondisi kesejatian)



Sajatine Ingsun anata malige sajroning Betalmukarram, iku omah ênggoning lalaranganIngsun, jumênêng ana ing Dhadhaningg Adam. Kang ana sajroning Dhadha iku Ati, kang ana antaraning Ati iku Jantung, sajroning Jantung iku Budi, sajroning Budi iku Jinêm , yaiku Angen-angen, sajroning Angen-angen iku Suksma, sajroning Suksma iku Rahsa, sajroning Rahsa iku Ingsun. Ora ana Pangeran anging Ingsun. Dat Kang Anglimputi ing kaanan jati

(Sesungguhnya AKU menata mahligai didalam Betalmukaram/Bait Al-Muharram, disanalah rumah larangan-Ku, berada didalam Dada Adam. Yang ada didalam Dada adalah Hati, diantara Hati adalah Jantung, didalam Jantung adalah Budi, didalam Budi adalah Jinem, yaitu Angan-angan, didalam Angan-angan adalah Suksma, didalam Suksma adalah Rahsa, didalam Rahsa adalah AKU. Tidak ada Tuhan kecuali AKU, Dzat Yang Menyelimuti kondisi kesejatian)



Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Betalmukadas, iku omah ênggoning pasucenIngsun, jumênêng ana ing Kontholing Adam. Kang ana sajroning Konthol iku Pringsilan, kang ana ing antaraning Pringsilan iku Nutpah, yaiku Mani, sajroning Mani iku Madi, sajroning Madi iku Wadi, sajroning Wadi iku Manikêm, sajroning Manikêm iku Rahsa, sajroning Rahsa iku Ingsun. Ora ana Pangeran anging Ingsun Dat Kang Anglimputi ing kaanan jati. Jumênêng sajroning Nukat Gaib, tumurun dadi Johar awal, ing kono wahananing alam Akadiyat, Wahdat, Wakidiyat, alam Arwah, alam Misal, alam Ajsam, alam Insan kamil. Dadining manungsa sampurna yaiku sajatining sipatIngsun.

(Sesungguhnya AKU menata mahligai didalam Betalmukadas/Bait Al-Mukhaddas, disanalah rumah tempat pensucian-Ku, berada didalam Konthol/Penis Adam. Yang ada didalam Konthol adalah Pringsilan (Tes-Tis), yang ada diantara Pringsilan adalah Nutpah/Nutfah, yaitu Air Mani, didalam Air Mani adalah Madi/Madzi, didalam Madi adalah Wadi, didalam Wadi adalah Maningkem, didalam Maningkem adalah Rahsa, didalam Rahsa adalah AKU. Tidak ada Tuhan kecuali AKU. Dzat Yang Meliputi kondisi kesejatian. Berdiam didalam Nukat Gaib, turun menjadi Johar Awal/Jauhar Awwal, disana terkandung alam Akadiyat/Akhadiyah, Wahdat, Wakidiyat/Wakhidiyyah, alam Arwah, Alam Misal/Mitsal, alam Ajsam, alam Insan Kamil. Menjadi manusia sempurna yang merupakan perwujudan dari sifat-Ku.)



Ingsun anêkseni satuhune ora ana Pangeran anging Ingsun lan anêkseni Ingsun satuhune Muhammad iku utusan Ingsun
(AKU bersaksi sesungguhnya tidak ada Tuhan kecuali AKU dan aku bersaksi sesungguhnya Muhammad adalah utusan-Ku)



Ingsun anêkseni ing DatIngsun dhewe, satuhune ora ana Pangeran anging Ingsun, lan anêkseni Ingsun satuhune Muhammad iku utusanIngsun. Iya sajatine kang aran Allah iku badanIngsun, Rasul iku rahsaNingsun, Muhammad iku CahayaNingsun. Iya Ingsun Kang Urip tan kêna ing pati, iya Ingsun Kang Eling tan kêna ing lali, iya Ingsun Kang Langgêng ora kêna owah gingsir ing kaanan jati, iya Ingsun Kang Waskitha, ora kasamaran ing sawiji-wiji. Iya Ingsun Kang Amurba Amisesa, Kang Kawasa Wicaksana ora kekurangan ing pangêrti, byar sampurna padhang têrawangan, ora karasa apa-apa, ora ana katon apa-apa, amung Ingsun Kang Anglimputi ing alam kabeh kalawan kodratIngsun

(AKU bersaksi kepada Dzat-Ku sendiri, sesungguhnya tidak ada Tuhan kecuali AKU, dan AKU bersaksi sesungguhnya Muhammad itu utusan-Ku. Sesungguhnya yang disebut Allah itu adalah Badan-Ku, Rasul itu Rahsa-Ku, Muhammad itu Cahya-Ku. Diri-Ku lah yang Hidup Tanpa Pernah mati, Diri-Ku lah yang senantiasa Ingat Tanpa Pernah lupa. Diri-Ku lah yang Abadi tidak terkena perubahan apapun dalam kondisi sejati. Diri-Ku lah yang Awas, tidak khilaf akan sesuatupun. Diri-Ku lah yang Berkuasa dan Berwenang, Yang Kuasa dan Bijaksana tidak kekurangan pengetahuan sedikitpun. Byar sempurna terang benderang, tidak terasakan apapun lagi, tidak terlihat apapun lagi, Yang ada hanya AKU Yang Meliputi seluruh semesta dengan kodrat-Ku.)



Mula ing mêngko pinarsudi dening Kyai Agêng Muhammad Sirullah Ing Kêdhung Kol, mratandhani ing tahun iki ; RONG SOGATA WARGA SINUTA (Sinuta : 9, Warga : 7, Sogata : 7, Rong : 1 ~ 1779 Jawa). Kang iku aja kaliru ing panggalih, mungguh margane tinarima ngelmune iku, kudu nganggo ngêningêna ing kaênêngan, nyirnakake samubarang, nyipta Tajjaling Dzat Kang Maha Suci Sajati, mbirat napsu hawa kang ora kawadaka, kang wus kalakon tuhu katarima ngelmune, mula aja uwas sumelang ing ati, ora beda kahanan akhir karo kahanan saiki kang diarani swarga naraka iku, iya jaman saiki, têgêse : kang wis padha dilakoni. Surasaning wasita basa awit pangimpune Susuhunan ing Kalijaga, njupuk sarahing kitab Hidayatulkakaik, padha babon saka kitab Tassawuf kabeh.

(Selanjutnya dipelajari sungguh-sungguh oleh Kyai Ageng Muhammad Sirullah dari daerah Kedhung Kol, selesai mempelajari pada tahun RONG SOGATA WARGA SINUTA (Sinuta: 9, Warga: 7, Sogata : 7, Rong : 1, dibalik 1779 Jawa. Jika teliti maka selain menyiratkan angka tahun, kalimat Chandrasangkala RONG SOGATA WARGA SINUTA juga menyiratkan nama RONG soGAta WARga SInuTA alias Raden Ngabehi Ronggawarsita). Tapi bukan hanya cukup memahami semata, harus dengan sarana mengheningkan gejolak batin, menyingkirkan segala gejolak liar diri, hanya focus pada Tajjali Dzat Yang Maha Susi Sejati, menyingkirkan segala nafsu yang tidak sepatutnya. Yang sudah-sudah, telah tercapai meningkat Kesadarannya. Oleh karenanya pesanku, jangan ragu-ragu lagi, tiada beda keadaan jaman akhir dan jaman sekarang ini, yang dinamakan surga dan neraka itu, sesungguhnya sudah menyata dijaman sekarang ini, semua sudah kita jalani. Seluruh wejangan telah dihimpun oleh Susuhunan Ing Kalijaga/Sunan Kalijaga, mengambil intisari Kitab Hidayatul Haqoiq, sumber segala Kitab Tassawuf. )

Tidak ada komentar:

Posting Komentar